• Breaking News

    Jumat, 10 Maret 2017

    Babad Grumbul Curugawu, Desa Pandansari

                             Babad Curugawu

         Jaman gemiyen, ana wong tuwa urip karo putune sing esih bayi.

         Sawijining dina, wong tuwane lunga repek utawa nggolet pangpung (ranting) maring kebon sing madan adoh sekang umah. Putune lagi turu neng kamar tapi lanwange mbukak. Let ora suwe ana Uling utawa Pelus Gede mlebu maring umah, terus mlebu maring kamar bayi sing lagi turu kae. Bayine diglubed ngasi lemes terus digawa maring rong Uling utawa umah Uling.

         Rampung repek wong tuwane bali maring ngumah niliki putune. Wong tuwane kaget deneng bayine langka neng amben. Wong tuwane nggoleti muter-muter terus nemu dalan Uling dawa banget.

         Dalan Ulinge ditutburi ngasi perek curug. Neng ngisor curug wong tuwane weruh rong Uling. Bar kuwe rong Ulinge dipereki ngasi weruh bayi sing sejatine putune lagi dipangan Uling. Wong tuwane tulung-tulungan ngasi wong-wong pada teka, terus ana wong ngomong rong Ulinge diurugi awu kon Ulinge ora teyeng metu, sebabe seret neng awu kuwe. Nah, kuwe sebabe grumbul kuwe dijenengi Curugawu, Curug sekang rong Uling sing neng ngisor curug lan Awu sekang rong Uling sing diurugi awu. 

    Tidak ada komentar:

    Posting Komentar

    Fashion

    Beauty

    Travel